Prabu Salya kang jeneng cilike Narasoma kalebu tetunggule kulawarga Kurawa. Ing perang Bhratayuda, Salya dadi senapati agung wadyabala Kurawa lan kusir kreta perange Adipati Karna nalika perang tandhing kalawan Arjuna. Crita perang tandhinge Karna lan Arjuna kababar ing lakon Karna Tandhing. Nalika iku sing dadi kusir kreta perange Arjuna ora liya Prabu Kresna.
Miturut andharan ing buku Ringgit Wacucal, anggitane KRMH H Wirastodipuro, weton ISI Press, Narasoma iku putrane Prabu Mandraspati utawa Mandrapati, raja ing nagara Mandaraka. Dedeg piyadege Narasoma kukuh bakuh lan santosa ing budi. Sipate berbudi bawaleksana (seneng aweh bebungah), hambeg tanuhita (ngugemi janji), darmahita (praupane sumunar) lan samahita (seneng nenepi, semedi).
Narasoma duwe adhi wadon aran Dewi Madri utawa Dewi Madrim. Dene sisihane Narasoma aran Dewi Pujawati kang sabanjure nganggo jeneng Dewi Setyawati. Sisihane Prabu Salya iki putrane putri Begawan Bagaspati saka pertapan Hargabelah.
Nalika isih enom, Narasoma iku duwe watak angel diatur. Karana iku dening ramane, Prabu Mandraspati, Narasoma ditundhung supaya lunga saka nagara Mandaraka. Sabanjure Narasoma ngumbara. Ing pangumbarane iku Narasoma ketemu kalawan Dewi Pujawati kang sejatine pancen nglari Narasoma karana sadurunge wis ngimpi dadi sisihane Narasoma.
Dene crita ketemune Narasoma lan Pujawati, adhedhasar andharan ing buku Ensiklopedi Wayang Purwa weton Balai Pustaka, kaya mangkene. Sawise Pujawati ngimpi dadi sisihane Narasoma, dheweke banjur njaluk supaya ramane, Begawan Bagaspati, nglari ana ngendi dununge Narasoma.
Begawan Bagaspati kasil nemoni Narasoma lan banjur mratelakake pepenginan putrane putri. Narasoma ora gelem minangkani panjaluke Begawan Bagaspati. Narasoma nalika iku mikir, yen bapakne wae awujud rakseksa, mesthine anake uga awujud rakseksi. Wusanane, Narasoma lan Bagaspati perang tandhing. Bagaspati sedya meksa Narasoma supaya gelem ngrabi Pujawati.
Ing perang tandhing iku Narasoma kalah. Bagaspati kasil ngasorake Narasoma kanthi aji Candabirawa. Sabanjure Narasoma dijak menyang pertapan Hargabelah lan ditemokake kalawan Pujawati kang pranyata awujud wanita kang banget sulistya ing rupa. Narasoma sabanjure palakrama kalawan Pujawati.
Aji candabirawa
Ananging, Narasoma krasa isin amarga duwe maratuwa awujud rakseksa. Saliyane iku, Narasoma kepengin nduweni aji Candabirawa. Wusanane, Narasoma nekat merjaya Begawan Bagaspati. Nanging sadurunge nyawane oncat saka ragane, Begawan Bagaspati ngucap sumpah sedya mbales patine ing perang Bharatayuda lumantar salah sijine satriya Pandhawa kang getihe putih.
Karana setya lan tresnane marang Narasoma, Pujawati banjur salin jeneng Dewi Setyawati. Kalorone banjur bali menyang nagara Mandaraka. Kalorone ditampa kanthi ati seneng dening ramane, Prabu Mandrapati. Ananging sawise nguningani crita yen Narasoma wis merjaya maratuwane dhewe, Prabu Mandrapati dadi murina maneh. Narasoma lan sisihane ditundhung maneh, supaya lunga saka nagara Mandaraka.
Adhine Narasoma, yaiku Dewi Madrim melu lunga saka nagara Mandaraka. Dene Prabu Mandrapati milih nganyut tuwuh karana ora kuwat nanggung rasa isin saka trekahe Narasoma iku. Ing lakune lunga saka nagara Mandaraka, Narasoma antuk kabar yen ing nagara Mandura ana sayembara perang tandhing kanggo ngrebut Dewi Kunthi.
Sarate sayembara, sapa wae kang bisa ngalahake kaprawirane Arya Basudewa, saka nagara Mandura, bakal antuk bebungah Dewi Kunti, wanita sulistya ing rupa, putrane putri Prabu Basukunti. Ing sayembara iku Narasoma kasil ngasorake Basudewa kanthi srana aji Candabirawa.
Sabanjure Dewi Kunti dipasrahake marang Narasoma. Nanging Narasoma ora gelem palakrama kalawan Dewi Kunti karana wus ngucap janji ora bakal palakrama saliyane kalawan Dewi Setyawati. Narasoma melu sayembara iku karana mung pengin nyoba dayane aji Candabirawa.
Pasanggiri Dewi Kunthi banjur dikuwasani dening Narasoma. Wusanane ana satriya saka Astina aran Pandhu kang kasil ngasorake aji Candabirawane Narasoma. Dewi Kunti banjur dipasrahake marang Pandhu. Adhine Narasoma, ya Dewi Madrim, uga dipasrahake marang Pandu. Dene Narasoma sawuse antuk kabar patine ramane, banjur mulih menyang nagara Mandaraka.
Narasoma banjur sinengkakake nglenggahi dampar keprabon Mandaraka kanthi jejuluk Prabu Salya. Dewi Setyawati katetepake dadi prameswari. Saka Dewi Setyawati, Prabu Salya peputra Dewi Erawati (dadi prameswarine Prabu Baladewa ing nagara Mandura), Dewi Surtikanti (dadi prameswarine Adipati Karna ing Awangga), Dewi Banowati (dadi prameswarine Prabu Duryudana ing Astina), Burisrawa lan Rukmarata.
Ing perang Bharatayuda, Prabu Salya mehak Kurawa. Sadurunge metu ing palagan perang Bharatayuda minangka senapati agung wadyabala Astina, Prabu Salya wis krasa yen patine wis cedhak. Prabu Salya banjur ngandharake pangapesane marang Nakula, putrane Dewi Madrim kalawan Prabu Pandudewanata.
Ing wektu iku Prabu Salya uga ngandharake yen dheweke mati ing perang Bharatayuda, krajan lan panguwasane ing nagara Mandaraka kapasrahake marang Nakula. Prabu Salya gugur ing perang Bharatayuda dening Prabu Yudhistira. Aji Candabirawane kasil denasorake dening Yudhistira. Sumpahe Begawan Bagaspati kasembadan, yaiku Narasoma bakal mati lumantar salah sijine satriya Pandhawa kang puthi getihe, yaiku Yudhistira. Dewi Setyawati nalika krungu warta gugure Prabu Salya banjur milih bela pati.